PAWARTA TOOLS BAHASA JAWA

Pusat Layanan Digital, Keyboard Multi-Bahasa, lan Aksara Jawa Honocoroko Modern

ꦲꦤꦕꦫꦏ꧈ ꦢꦛꦱꦮꦭ꧈ ꦥꦝꦗꦪꦚꦪ꧈ ꦩꦒꦧꦛꦔ

Keyboard Multi-Bahasa & Honocoroko Tools

Pilih Papan Ketik:

Pangembangan lan Wigatine Aksara Jawa ing Era Digital

Dening: Tim Redaksi Pawarta


Basa Jawa minangka salah sawijining basa daerah ing Nusantara sing nduweni unggah-ungguh lan undha-usuk basa sing khas. Ora mung dadi piranti komunikasi saben dina, nanging basa Jawa uga dadi tetenger utawa identitas budaya sing luhur. Ing jaman modern kaya saiki, tantangan kanggo nguri-uri basa lan aksara Jawa sansaya abot amarga adoh saka pengaruh budaya global.

Nanging, lumantar anane platform digital kaya PAWARTA (https://pawarta.github.io), kabeh lapisan masarakat saiki bisa gampang sinau, nulis, lan nggunakake aksara Honocoroko kanthi praktis. Fitur virtual keyboard multi-bahasa sing disedyakake diangkah bisa dadi jembatan antaraning tradhisi kuna lan teknologi informasi masa kini.

Nilai Luhur lan Filosofi Aksara Jawa

Aksara Jawa utawa sing asring diarani Carakan utawa Honocoroko dumadi saka rong puluh larik aksara mandhiri. Saben aksara ora mung duwe suwara utawa wujud, nanging uga nyimpen filosofi urip manungsa babagan tataning jagad, hubungan antarane manungsa lan Gusti Kang Murbeng Dumadi, sarta tatanan sosial masyarakat Jawa jaman biyen.

Pramila, kanthi migunakake tools iki, dikarepake generasi mudha (millenial lan Gen Z) luwih tresna marang warisan leluhur tanpa kudu kelangan arah ing kancah internasional.

Iklan Layanan / Adsense
Ruang Iklan Pawarta